Cerita Lucu Dari Teman ( Bahasa Jawa )

gyansmuslim.blogspot.com

Sedikit Hiburan gan,,,

Tentang Melamar Pekerjaan di Perusahaan yang Banyak Alasan buat Nolak Karyawan…

M : manajer…
P : pelamar kerjaan…

M : Pendidikanmu opo?
P : Hukum Pak.
M : wah ora bisa ditompo ning kene.
P : Alasanipun Pak?
M : Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
P : tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
M : Tambah ora ketompo?
P : Lho kok ngaten pak?
M : Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae......

M : Kowe nduwe omah opo ora?
P : Dereng.....
M : Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
P : Lho kok ngaten?
M : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
P : Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
M : Yo malah ora ketompo.
P : Lho kok ngaten?
M : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

M : Kowe nduwe motor opo ora?
P : Mboten.
M : Ora ketompo.
P : Lho kok mboten ketompo?
M : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
P : Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
M : Wah malah ra ketompo....
P : Lho kok ngoten?
M : Tempat parkire wis ra cukup..

M : Kowe wis lulus sarjana tenan?
P : Sampun Pak....
M : Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
P : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
M : Malah ora ketompo...... .
P : Lho kados pundi to?
M : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.

M : Kowe seneng guyon opo ora?
P : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
M : Ra ketompo......
P : Waa... Kok ngoten?
M : Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
P : Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
M : Malah ora ketompo.
P : Lho kok......
M : Engko kowe mung email-emailan sing lucu.

M : Kowe mau mrene numpak opo?
P : Nitih mobil.
M : Kowe ora ketompo.
P : Sebabipun?
M : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
P : Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
M : Tambah ora ketompo.
P : Lho, lha kok?
M : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!

M : Anakmu akeh opo sithik?
P : Kathah, Pak.
M : Kowe ora ketompo.
P : Sebabipun?
M : Nyambut gawemu ora sregep, mung mikir gawe anak terus.
P : Lha wong namung anak adopsi, kok.
M : Tambah ora ketompo.
P : Lho, lha kok?
M : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.

M : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
P : Dereng.
M : Kowe ora ketompo.
P : Sebabipun?
M : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
P : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
M : Tambah ora ketompo.
P : Lho, lha kok?
M : Kowe rak mung arep keminter, to?

M : Kowe kerep loro ora?
P : Mboten.
M : Kowe ora ketompo..
P : Sebabipun?
M : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
P : Wah, sakjanipun nggih asring.
M : Tambah ora ketompo.
P : Lho, lha kok?
M : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

M : Kowe biso main internet?
P : mBoten.
M : Kowe ora ketompo.
P : Sebabipun?
M : Perusahaan ora nompo sing buta internet.
P : Wah, sakjanipun nggih saged.
M : Tambah ora ketompo.
P : Lho, lha kok?
M : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to???

M : Kowe waras opo ora?
P : Lha, kulo nggih waras to Pak.
M : Ra ketompo.
P : Kenging nopo?
M : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
P : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
M : Malah ra ketompo.
P : Pripun to niki?
M : Mengko aku duwe saingan.

Obat stresss,,,kwkwkwkwkwk

Silahkan Berkomentar :


Ada 0 komentar “Cerita Lucu Dari Teman ( Bahasa Jawa )”

Posting Komentar

:a :b :c :d :e :f :g :h :i :j :k :l :m :n :p :q :r :s :t
[Gunakan Form Komentar Klasik]

powered by Blogger | Modification by Gyanfs